Kamis, 24 November 2011

Asal Usul Mbah Jaka Poleng ( sing nyekeli Brebes )

Ana wong enom bagus tur gagah, arane Suwito. Suwito kerjane dadi tukang ngopeni jarane bupati Brebes. Kanjeng Bupati seneng karo hasil kerjane Suwito sing sregep lan selalu resik.
Waktu kuwe, kaya biasane, Suwito arep lunga ning sawah arep luruh suket go pakane Genta, jarane Kanjeng Bupati. "Bi, nyong ning sawah ndisit!" Suwito gemboran pamit karo Bi Inem, Pembantu Kanjeng Bupati sing lagi uprak-uprek ning pawon."Iya cah bagus, ati-ati yah?!" bibine njawab karo sibuk uprak-uprek, ora nglinguk ning Suwito.

Nggawa arit karo karung, Suwito mlaku nyusuri galenge sawah golet suket-suket sing rungseb tur ijo. Sampe anjog ning lapangan, dheweke mbatin, "Ehm, ning kene kyeeh sukete ijo-ijo nemen, pasti si Genta dokoh mangane." Terus Suwito mulai mbabadi suket-suket sing ana ning ngarepane. Sapisan-pisan, Suwito ngusapi keringet ning batuke nganggo tangane. Suwito terus mbabadi suket ora kesel-kesel.

Sawise olih sakarung kebek, Suwito kaya biyasane ngasoh ngisore wit gede. Diglegek banyu kendi sing digawa sing ngumah. Keringete gemryobyos seawak sekojur. Laksito lehe-lehe gelelengan kipas-kipas nganggo godong sing tiba sing wit.
Waktu Suwito lagi pan merem, dheweke weruh ana ula poleng ana mahkota emase ning endase. Suwito dadi penasaran mbuntuti ula kuwe. Suwito mlaku alon-alon ben ora diweruhi ula kuwe. Ula kuwe akhire mandeg neng rerungseban. Suwito melu mandeg. Matane menteleng mandengi ula poleng sing lagi nglungsumi. Pirang menit, akhire ula kuwe nglocop kulite. Suwito mereki tempat kuwe sawise ula kuwe lunga. Teruse Suwito njukut bekas kulit ula poleng kuwe,jebule ana endog ula poleng kuwe juga. jare Suwito "kebeneran ana endog,aku kepengin mangan endog ula..jare ewong-ewong endog ula kena enggo jamu ben awake enyong kuat" langsung Suwito mangan endog ula mau terus Suwito balik maning neng tempate nerusna pekerjaane. Rong karung kudu dikebeki.
"Uh, akhire kebek juga. Balik ah, wis ngelih." laksito mbatin karo naleni karung loro kuwe. Suwito ngasoh maning sedelat, teruse balik.

ooo===ooo

"Bi, aku ngelih, Bi, pan mangan," Suwito ngomong karo Bi Inem. "Lha, To, kowen ning endi??" Bi Inem gemboran lantaran kaget. "Nyong ning iringane Bibi!" ujare Suwito eram.

"Aja guyonan lha, To.. Bibi ora weruh kowen neng kene," Bi Inem rada kewedinan.

"Nyong neng kene, Bi..." Suwito nyauti karo nyekeli tangane Bi Inem.

Bi Inem kaget ora kira-kira waktu ngerasakna tangane ana sing nyekeli tapi ora katon Wujude. Bi Inem langsung gemboran manjing ning padepokane Kanjeng Bupati, wadul karo kanjenge.

Ora suwe, Bi Inem balik maning maring pawon karo Kanjeng Bupati.

Neng endhi, Bi?" takone Kanjeng Bupati penasaran karo ceritane Bi Inem.

"Ampun Kanjeng, suarane neng kene miki." Bi Inem nyoba ngeyakina Kanjeng Bupati.

Suwito! Kowen neng endhi? Kanjeng Bupati ngundang Suwito.

Ampun, Gusti Kanjeng, hamba neng kene, neng iringane Gusti," jawabe Suwito.

"Lho lho lho, ko kowen ora katon?" kanjenge ya dadi kaget nemen.

"Ampun, Gusti, hamba ya ora ngerti," jawabe Suwito ya mesih bingung.
Gusti Kanjeng Bupati sedelat rada meneng, ngrenungna.

"Ana kejadiyan apa sing kowen alami sedurunge kiye?" takone Gusti Bupati.
Suwito meneng sedelat, mikir-mikir.
"O iya, Gusti, mau waktu hamba luruh suket neng sawah, hamba weruh ula poleng sing endase ana emase kemerlob repan nglungsumi. Terus hamba perhatikna lan hamba jukut kulite trus ana endog ulane tak pangan," ceritane Suwito soal kejadiyan mau ning sawah.

"O.. kaya kuwe. terus kulite neng endhi?" takone Gusti Kanjeng.
"Neng sake hamba."
bener juga, sawise kulit kuwe dintokna lan didokon ning meja, ujug-ujug awake Suwito nongol katon. Kiye juga sing nggawe Bi Inem sing mau meneng, dadi mundur kaget.
"Wah, Suwito, kowen wis katon," Bi Inem gemboran.
Suwito gemuyu plong. Gusti Kanjeng Bupati manthuk-manthuk ngerteni.
"To, kulit ula kuwe aku simpen," jare Gusti Kanjeng karo penuduhe nuding ning kulit ula kuwe nein tanda karo Suwito go dijukutna terus diserahna karo dheweke.
Tapi alus-alusan Suwito nolak. "Ampun, Gusti, kulit kiye ndeke hamba."
"Pan nggo apa, To? Laka gunane denggo kowen," Gusti Bupati ngrayu Suwito.
"Ampun, Gusti. Wong sing nemu hamba, dadi ya hamba sing berhak nduweni benda kiye," jawabe Suwito.
"Laka gunane ning kowen, cepet belekna aku!" kanjenge gemboran maksa ning Suwito.
"Ampun, Gusti, hamba ora bisa." Laksito tetep teteg karo omongane.
Teruse Gusti Bupati karo Suwito rebutan. Lantaran Suwito wedi benda kuwe bakal kecekel karo bupatine, Suwito cepet-cepet manjingna benda kuwe ning cangkeme, lan tanpa disengaja benda kuwe keeleg.
Gusti Bupati mung bisa nahan emosine, waktu weruh benda kuwe keeleg. Satitik-titik awake Laksito ngilang.
"Maapna hamba, Gusti, hamba wis wani karo Gusti," ujare Suwito lirih. Bupati narik napas.

"Aku nyesel wis maksa kowen, Suwito. Sebenere memang kuwe hake kowen, tapi aku maksa, dadi akhire kaya kiye, aku nyesel. Maapna aku, Suwito." Bupatine nyesel. Terus bupatine nglanjutna ngomong, "Kiye mungkin wis takdire kowen, Suwito, kowen wujude wis laka. Aku njaluk karo kowen, tulung kowen jaga rakyate aku yaiku rakyat Brebes. Terus, lantaran kowen nesih jejaka lan mangan kulit ula karo endog poleng, dadi saiki kowen tak arani Jaka Poleng."

Tidak ada komentar:

Posting Komentar